
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanti taqwa ingkang saestu nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, saha nebihi sedaya awisan-awisanipun.
Kaun Muslimin Rahimakumullah
Wulan Safar punika katah masyarakat anggadahi penganggep bilih wulan punika wulan sial utawi wulan ingkang katah panca baya. Mangga kita sedaya minangka kaum Muslimin mboten perlu ngugemi pemanggih bilih wulan Safar punika wulan sial. Jalaran menika mitos ingkang klintu, lan dipun bantah dening Rasulullah Muhammad SAW.
Riwayat saking Abu Hurairah RA, bilih Rasulullah SAW. paring sabda :

“Ora ana wabah lan ora ana ala ing kewan kang mabur, ora ana kesialan ing wulan Safar, lan ngadoh saka penyakit kusta kaya sira mlayu saka singa” (HR. Bukhari lan Muslim)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Sak lebeting wulan Safar punika wonten kathah kedadosan penting kagem perkembangan agama Islam, sahingga prastawa lan kedadosan punika sejatosing menepis pemanggih ingkang nganggep katah kesialan ing wulan Safar punika. Kedadosan kasebat antawisipun Nikahipun Rasulullah SAW kaliyan Siti Khadijah binti Khuwailid. Mekaten ugi peristiwa perang Khaibar ingkang umat Muslim dipun paringi kemenangan, Rasulullah jengkar perang ing Khaibar wonten akhir wulan Muharram, nggayuh kemenanganipun wonten ing wulan Safar.
Peristiwa pengangkatan Usamah bin Zaid salah satunggaling sahabat Rasulullah SAW ingkang taksih timur, dipun angkat dados panglima perang.
Rikala semanten umur Usamah bin Zaid nembe yuswa 20 tahun ugi wonten ing wulan Safar.
Peristiwa sanes inggih punika peristiwa penaklukan Persia ingkang kedadosanipun wonten masa kekhalifahan Umar bin Khathab tepatipun tanggal 14 Safar 16 H utawi 17 Maret 637 M, kaum Muslimin ingkang dipun pimpin Saad bin Abi Waqash menang nglawan Persia.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Peristiwa-peristiwa ingkang kedadosan wonten wulan Safar kasebat sejatosipun sampun menepis pendapat bilih Wulan Safar punika Wulan Sial.
Minangka muslim, kita mboten pareng pitados menapa malih meyakini mitos kasebat, kita kedah tansah sinau sejarah-sejarah, kathah kedadosan agung ugi mulya ingkang dumados wonten ing wulan Safar. Sedaya Wulan mesti wulan ingkang sae amargi Allah mboten bade paring kesialan dumateng kawulanipun.
Ingkang wigatos kita kedah tansah emut lan nyebut dateng Allah, ampun ngantos tradisi lan mitos mengaruhi kita ndadosaken erosi iman kita, kanti katah dzikir ampun ngantos kagolong tiang ingkang mlengos saking Allah, jalaran Allah paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun

“Sapa wonge mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakal Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta”. (QS.Thaha : 124)
Mugiya Allah tansah paring rahmat pitedah lan pangayoman dumateng kita sedaya, Amiin.

KH Damanhuri, Rais Syuriah PCNU Bantul.






