Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: ‘Ngraketaken Kekadangan’

Ilustrasi (Istimewa)

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Bacaan Lainnya

Mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi nuju bingah utawi sisah, longgar utawi rupeg, rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, Amin.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Sampun dados tradisi lan pengadatan ingkang sae wonten masyarakat kita bilih saben wulan Syawal sami halal-bihalal, ngapura-ngapuran, silaturrahim ngraketaken pasederekan antawisipun setunggal lan sawenehipun. Swasana menika kedah kita dadosaken minangka momentum ngraketaken kekadangan ing antawis kita sedaya. Kita kedah tansah guyup rukun, welas-winelasan, bantu binantu lan tulung tinulung ing antawis kita.

Kwajiban tumrap kita Umat Islam tansah njagi pasederekan lan ugi nebihaken perkawis ingkang nuwuhaken karenggangan tumrap kita, jalaran kita punika tetep pasederekan, bersaudara nunggil Iman lan Islam. Kula aturi enget dawuhipun Allah :

إَّنما المؤ منون اخوة فاصلحوا بين أخويكم واتقوا اّلل

“Sejatine wong wong kang pada Iman iku bersaudara, mula pada rukuna antarane sedulurane sira kabeh, lan pada wedia sira kabeh ing Gusti Allah”. (QS. Al Hujurat :10).

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Kita kedah tansah waspada, ampun ngantos gampil dipun adu, dipun profokasi lan dipun pengaruhi dening golongan ingkang mboten remen nyawang ummat Islam punika tansah rukun lan bersatu. Ampun ngantos mung bedo riyoyo dados alasan suloyo. Pramila pasulayan, padudon, bendeng ceweng, raos iri lan dengki, gegethingan, panyana awon lan sak panunggalanipun ingkang saget ngrenggangaken pasederekan, kedah kita bucal tebih-tebih. Kula aturi enget dawuh Nabi:

لاتحاسدوا ولاتناجشوا ولاتباغضوا ولاتدابروا ولايبع بعضكم

على بيع بعض وكونواعباد اّلل إحوانا، المسلم أخو المسلم

لايظالمه ولا يخذله ولايحقره بحسب امرئ من الَّشر أن يحقر

أخاه, المسلم على المسلم حرام دمه وماله وعرضه، الَّتقوى

ههنا ويشير إلىصدره ثلاث مَّرات

Sira kabeh aja pada drengken-drengkenan, aja pada bebencetan, aja pada gething gethingan, aja pada ungkur-ungkuran lan aja ngedoli padolane liyan, lan sira kabeh kawulane Allah iku pada seduluran, wong Islam iku sedulure wong Islam, wong Islam iku ora kena nganiaya, ora kena ngina, ora kena nggorohi, ora kena ngremehake, taqwa iku ana ing kene…. (Nabi isyarah dateng dadane amabal kaping tiga). (H.R.Muslim)

Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,

Saben dinten kita punika sami shalat berjama’ah, dinten punika kita kempal ing masjid punika sesarengan shalat Jum’ah kanthi jama’ah. Wonten hikmah lan piwucal bilih kita sedaya ummat Islam kedah tansah sesarengan saklebetipun ngumawula wonten ngarsanipun Allah Swt. Kita minangka makmum kedah tansah nderek dateng imam, menawi Imam klentu lan lepat, makmum kedah ngengetaken dateng imam. Dateng sesami makmum kita kedah tansah sesarengan, lurus lan rapet shof lan barisanipun. Kanthi tuladha punika kita kaum Muslimin kedah tansah jumeneng kanti dedasar persamaan persatuan lan pasederekan, kangge nggayuh kamulyaning gesang wiwit dunya ngantos ing akhirat kanti ridlanipun Allah Ta’ala.

Akhiripun, mugi-mugi kita tansah kaparingan kawilujengan katentreman lan kemanunggalan saha persatuan lan kesatuan kita, wusananipun manggih kabekjan lan pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah SWT. Amin ya Robbal ‘alamiin.

بارك اّلل لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإَّياكم بما فيه

من الآيات والذكر الحكيم، وتقَّبل مني ومنكم

تلاوته إَّنه هو الَّسميع العليم

وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الَّراحمين

Disusun oleh KH Damanhuri, Rais Syuriah PCNU Bantul.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *