

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Puji syukur pengalembana kita kunjukaken wonten ngayunan ndalem Allah swt inggih kerana pitedah, pitulung lan rahmatipun, ing enjang punika kita sedaya saget sami kempal ing papan punika kanti kebak raos suka lan gumbira, mekaten ugi namung jalaran rahmatipun Allah kita sedaya saget nindakaken kwajiban ibadah shiyam Ramadlan sewulan natas ngantos dumugi paripurnanipun wulan Ramadhan. Sahingga ing wanci enjang punika sedaya umat Islam sami sujud lan ngegungaken Asma dalem Allah SWT, nglahiraken raos syukuripun atas peparing nikmat lan kanugrahan ingkang ageng punika. Ing pangajab mugi-mugi sedaya amal ibadah kita langkung langkung shiyam kita sageta maqbul wonten ing ngayunan dalem Allah swt.
Sewulan muput kita sami nindakaken ibadah shiyam, sedaya jejibahan awrat kasebat, kita nindakaken kanti ikhlas, lan murih ridlanipun Allah. Ananging kuciwanipun ing saat punika kita kedah perpisahan kaliyan Ramadhan. Sinaoso kanti awrat lan owel kados kados pundi kemawon kita kedah lila nglepas bidalipun Ramadhan. Panyuwun kita mugi-mugi Allah maringi panjang yuswa kitasedaya saget pinanggih malih kaliyan wulan Ramadhan ing tahun-tahun ingkang bade dateng.
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Kanti riyaya ingkang kebak rahmat punika, mangga kita tansah cecepengan dateng agamanipun Allah saha tansah siaga nindakaken dawuh lan pranatanipun Allah. Mekaten ugi riyaya Idul Fitri punika dadosa dinten ingkang mbekta harapan enggal tumrap kita umat Islam kangge ngraketaken pasederekan kita saha manunggal dados setunggal, nabihaken pasulayan lan padudon tansah bantu binantu, saha sih sinisihan andum kawelasan langkung-langkung dateng sederek kita ingkang sanget mbetahaken, inggih sederek kita fuqara lan masakin ingkang tansah nandang samsara. Kita saget ngraosaken piyambak kados pundi payah lan rekaosipun ngelak lan luwe. Temtunipun kita lajeng mangertos penderitaan lan panandangipun sederek kita fuqara lan masakin.
Mila sak purnanipun shiyam Ramadhan Allah majibaken dateng kita ngedalaken zakat fitrah wiwit kala wingi ngantos dumugi enjang sak derengipun shalat ied punika. Kados dawuh Rasulullah saw. :

“Diferdlo-ake shodaqah fitrah minangka kanggo nuceni wong kang pasa sangka kotoran lan lelahan, lan minangka aweh pangan kanggo wong-wong miskin”. (HR.Abu Daud)
![]()
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Saklajengipun mangga kita semanget nggayuh pagesangan ingkang langkung sae, gesang ingkang sakinah lan endah, selaras kaliyan kalenggahan lan kemampuan kita. Kanti mekaten ateges kita nderek andil ambangun endahing pagesangan punika.
Kados dawuhipun Imam Fahruddin Ar Razy:

“Dunyaiku bebasane kaya pertamanan kang endah, dipaesi kelawan limang perkara, ilmune para ulama, adile pejabat pemerintah, jungkunge ibadah wong kang ahli ibadah, jujure para pedagang lan disipline para pegawe”. ![]()
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Saweneh saking tanda hasil hikmahipun shiyam kita, inggih tambahing taqwa kita dateng ngarsanipun Allah mesti kedah kita buktekaken. Kerana Allah sampun dawuh bilih antawisipun tanda tengeripun tiyang bertaqwa punika remen infaq wonten ing sak dengah kawontenan, nuju longgar utawi rupek, kados dawuhipun Allah :
Sepisan :
Tiyang-tiyang ingkang dermawan, purun nginfaqaken sebagian rizkinipun kangge agami lan masyarakatipun, sae pinuju longgar utawi rupek, bingah utawi sisah, selaras kalian kawontenan lan kemampuan sak drajat sak pangkat.
Kaping kalih :
Tiyang ingkang saget ngampet lan nahan kanepsonipun nalika muring-muring, saget ngendaleni diri nalika jengkel lan muring muring. Ngetang akibat saking pendamelanipun, bade untung menapa rugi akibat ingkang dipun tampi.
Kaping tiga :
Purun ngapunten dateng tiyang sanes, awit mboten sakmestinipun nyimpen raos penguneg uneg lan dendam, lan mesti kedah tansah njagi dateng pasederekan, lan silaturrahim. Menawi awakipun piyambak rumaos gadah lepat dateng tiyang sanes ugi mboten kawratan enggal nyuwun pangapunten dateng tiyang ingkang sesambetan. Menawi saget mekaten, riyaya punika nyata mbekta makna, lan ibadah shiyam kita wonten tengara, yakin tinampi wonten ngarsa Dalem Allah Ta’ala.
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.
Akhiripun mugi-mugi semangat Idul Fitri ingkang kebak raos sih katrisnan punika tansah tumanem konjem wonten ing saklebeting manah kita sedaya, kita saget nggayuh kawilujengan, katentreman, wusana manggih kabekjan kanti karidhan saking ngarsanipun Allah Ta’ala. Amin ya Rabbal ‘alamin.
Penyusun: KH Damanhuri, Rais Syuriah PCNU Bantul.







