Oleh: KH Damanhuri, Rais Syuriah PCNU Bantul
KHUTBAH I:

Para sederek kaum muslimin ingkang minulya
Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun, ing pangajab kita tansah pikantuk kanugerahan, lan kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala.
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya
Kita mangertosi ing mangsa akhir punika tiang Islam ingkang werni werni golonganipun, sami ngaken bilih golonganipun ingkang paling leres.
Pramila wigatos tumrap kita, sami ngiyataken aqidah lan keyakinan kita, minangka pondasi tumrap anggen kita ngrungkebi agami Islam punika. Ibarat bangunan ingkang indah, mewah lan megah, nanging menawi mboten dipun dasari kanti pondasi ingkang kiyat, tentu bahaya lan ringkih. Sahingga gampil sanget ambruk katerak bebaya.
Syekh Ibnu Ruslan wonten ing muqadimahipun matan Zubad ngendikakaken:

“Kawitane perkara kang wajib tumrape manungsa, ikungerteni Pangeran kanti yakin”
Mila prayogi sanget anak anak kita, ugi kita modali ilmi aqoid, iman ingkang kekah, samiya dipun arahaken ngaos ilmi aqoid kados ta Aqidatul Awam. Jalaran sanget bahaya tembe wingkingipun tumrap anak anak kita ngadepi kawontenan banjiring pengaruh perkembangan pengetahuan, saha mobaling kebebasan pemikiran, menawi tanpa kita modali pondasi aqidah ingkang kiyat, inggih aqidah Ahlus Sunnah wal Jama’ah.
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya,
Mila menapa ingkang dipun prediksi dening Kanjeng Nabi sampun dados kasunyatan, bilih Umat Islam menika bade terpecah belah dados pinten pinten golongan. Kados dawuh Nabi :

“Saktemene ummatku bakal pecah dadi 73 golongan, 72 golongan ing neraka, lan mung sak golongan kang ana ing swarga”.
Para shahabat matur : Duh Rasulullah, golongan menapa ingkang satunggal punika ?
Rasulullah ngendika : “Ya kui i’tiqad lan keyakinan kang ingsun tetepi lan para shahabat ingsun”. (HR. Imam Ahmad dan Abu Dawud).
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya
Jalaran Ahlus sunnah wal jama’ah punika, golongan ingkang wilujeng, mila lajeng sedaya golongan ngaken bilih piyambakipun Ahlus sunnah wal jama’ah. Ngatos atos lan waspada dateng para putra ing bab sesrawunganipun, menapa dene pendidikanipun. Ampun ngantos sembarang maringaken kesempatan dateng putra sami sinahu babagan agami saking golongan lan tiang ingkang mboten gamblang sanad ilmi lan perguruannipun, langkung langkung organisasi ingkang mbeta misi penyiaran golongan ingkang sasar.
Jalaran kita anggadahi kwajiban njagi lan ngreksa dateng awak kita, ampun ngantos kejlomprong ing juranging kesesatan. Allah paring pepenget:

“He wong wong kang pada iman, jaganen awakmu lan keluargamu saka genining neraka, kang urub urube neraka iku manungsa lan watu” (QS. At Tahrim : 6)
Mugi kita lan keluarga kita tansah pinaringan pangreksa, saking pengaruhing kahanan ingkang tansah ngancam dateng aqidah lan i’tikad kita, kanti rahmat lan pitulungipun Allah Ta’ala.







