Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya
Mangga samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu, kanti nindakaken sedaya perintahipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Supados kita pikantuk rahmat lan kanugerahan gesang kita, ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugi ing akhirat, Amiin…
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya.
Wulan Ramadhan sampun bade paripurna lan bidal nilaraken kita sedaya. Kita estunipun ngraos cuwa dereng saget tumandang ibadah ingkang jumbuh kalian kamulyanipun wulan agung Ramadhan. Panyuwun kita, mugi kita kaparingana yuswa panjang saget pinanggih malih kalian wulan Ramadhan tahun ingkang bade dateng. Wonten ing akhiripun wulan Ramadhan punika kita dipun wajibaken zakat fithrah, minangka kagem nyampurnaaken ibadah shiyam kita. Kwajiban menika minangka kabekjan tumrap tiang ingkang nindakaken. Kados dawuhipun Allah :
Temen temen beja kemayangan wong kang bebersih (kanti mbayar fitrah )
Mekaten ugi wonten dawuh hadits ngendikaaken :
“Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam merdha aken zakat fitrah minangka kanggo nucekaken wong kang puasa saka lelahan guneman kang kotor lan minangka suguhan kanggo wong wong miskin” (HR. Abu Dawud)
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya.
Miderek dawuh kasebat, zakat fitrah minangka kwajiban tumrap kita. Mila ampun ngantos dipun lirwakaken, ampun ngantos perkawis ingkang sunnat malah langkung dipun tengenaken. Kadosto, pasugatan riyayan, ageman enggal tur sae. Ing dinten riyaya mila bade dahar ngunjuk eca, pakaian enggal tur awis, mangga, nanging kwajiban kedah dipun utame-aken.
Dene hikmahipun minangka nyampurnakaken lan mbersihaken shiyam kita saking tumindak lan ucapan ingkang kirang prayogi, ingkang kongang nacataken dateng shiyam kita. Mekaten ugi kangge ngetingalaken raos kawelasan dateng sederek kita ingkang kirang bahagia ing dinten riyadin. Ampun ngantos wonten ing dinten ingkang kebak kebingahan tasih kita panggihaken sak perangan sederek kita ingkang njejaluk namung kangge isen-isenipun weteng. Kanjeng Nabi paring dawuh :
“Cukupna butuhe wong wong miskin supaya ora pada
njejaluk ing dinane riyaya”. (HR. Al Baehaqi)
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya.
Mekaten ugi zakat fitrah bade nyampurnaaken ibadah wajib, siyam Ramadhan, kepara wonten dawuh pangandika bilih shiyamipun kawula dereng saget katur wonten ngarsanipun Gusti Allah ngantos piambakipun ngedalake zakat fitrah.
Kados dawuh hadits :
“Puasane kawula iku tansah gumantung ana ing antarane langit lan bumi, sahingga deweke nekani zakat fitrah”. (HR. Ad Dailami)
Pramila mangga kita tuhoni kwajiban kita sedaya ngedalaken zakat fitrah, ing pangajab mugi sedaya ibadah kita, inggih shiyam kita, shalat kita, tadarus kita, sedekah kita, thalabul ilmi kita, sedayanipun makbul katampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala.








