Khutbah Bahasa Jawa Idul Fitri 2020: Ngadepi Ujian Musibah Kanti Sabar

Khutbah Singkat Idul Fitri 2020 Bahasa Jawa

Khutbah Singkat Idul Fitri 2020 Bahasa Jawa: Ngadepi Ujian Musibah Kanti Sabar. Khutbah ini ditulis KH Mudhakir, Pengurus PCNU Sukoharjo Jawa Tengah. (Kiai Mudhakir ini alumni Ma’had Aly Pesantren Salafiyah Syafi’iiyah Sukorejo Situbondo dan dikenal menjadi guru ngaji Presiden Jokowi dan keluarganya).

Khutbah Singkat Idul Fitri 2020 Bahasa Jawa: Ngadepi Ujian Musibah Kanti Sabar.

Khutbah I

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر *ُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ *اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ*
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن* أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْن* وَ أَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ الْاَمِيْن * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْن *
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ *أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَاللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ،. قَالَ اللهُ تَعَالَى, اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم, بسم الله الرحمن الرحيم, يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مَسْلِمُوْن

Poro Jama’ah Rohimakumullooh,

Monggo kita tansah ngunju’aken puji lan syukur wonten ngarso dhalem Allah awit nikmat lan kanugerahan ingkang kaparingaken dateng kito sedoyo, sahinggo shiyam Ramadlon sampun kaleksanan kita tinda’aken ngantos paripurno, Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin.

Sholawat lan salam mugi tansah ka-aturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw., keluargo, sohabatipun, ugi ummatipun kalebet kito sedhoyo. Aamiin yaa robbal ‘aalamiin.

Lan monggo kito tansah nambahi taqwa dumateng ngarsanipun Alloh SWT kanti tansah nglampahi sedhoyo perintahipun lan nilaraken sedhoyo laranganipun.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Poro Jama’ah Rohimakumullooh

Kito ngraos syukur lan bingah mahargyo dinten riyoyo ‘Idul Fitri 1441 H puniko jalaran jejibahan siyam ing wulan Romadhon ingkang saestu awrat soho amal ibadah sanesipun sampun kaleksanan kanti sampurno.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى. وَ ذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى

“Saestu bekjo tiang engkan bersihaken dirinipun (kanti zakat fitrah), nyebat asamanipun Allah (kanti takbir), lan nglampahi sholat (‘idul Fitri). (Surat Al-A’la: 14-15)

Mugi-mugi Allah nampi siyam, shalat tarawih, tadarus Al-Qur’an, sodaqoh, zakat fitrah, lan sedhoyo amal ibadah kito, lan mugi maringi kesempatan saget pinanggih malih kaliyan wulan Romadon ing tahun ngajeng. Aamiin.

Shiyam ingkang sampun kito lampahi puniko minongko penidikan ruhani lan sikap kito supadhos tansah netepi taqwa, sabar, tawakkal soho ikhlas wekdal nglaksana-aken dhawuhipun Allah swt, ugi wekdal ngadepi pinten-pinten ujian lan cobaan. Nopo malih wonten ing kawontenan ingkang kito adepi sak meniko, penularan wabah covid19.

Saben tiang muslim wekdal ngadepi ujian, musibah, utawi wabah puniko kedhah kanti sabar, ikhtiyar nglampahi pencegahan soho njagi kesehatan kanti nderek himbauan saking poro ulama’ lan ahlinipun. Ugi memahesi diri kanti husnudhonn dateng Allah bilih Allah pasti badhe nylametaken piyamba-ipun, keluarganipun, lan tiyang-tiyang sekitaripun saking wabah puniko. Piyamba-ipun kedhah yakin bilih kesabaranipun badhe dhadhos sebab ampunan lan inggilipun derajat saking ngarsanipun Allah SWT.

Musibah wabah covid19 puniko kasunyatanipun ugi nyebabaken dampak ekonomi masyarakat. Kathah ingkang boten saget nyambet dhamel lan ugi kathah ingkang dipun dhalaken saking panggenan kerjaanipun. Kawontenan kadhos mekaten mestinipun ugi kedhah nuwuhaken sikap tansah bantu-binantu, saling welas asih, langkung-langkung dateng tiang-tiang ingkang sanget mbetahaken pitulungan, utaminipun fakir lan miskin.

Kadhos ingkang kito lampahi kanti ngedhalaken zakat fitrah, nderek dhawuhipun Kanjeng nabi Muhammad saw. ingkang artosipun,” Zakat Fitrah dipun wajibaken kagem nyuceni tiang ingkang poso saking pangandikan boten manfaat lan boten sae, ugi minongko paring dhaharan kagem fakir lan miskin” (HR. Abu Daud).

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Poro Jama’ah Rohimakumullooh

Mugi-mugi wabah covid19 enggal sirno saking kito sedhoyo bangsa Indonesia lan sederek-sederek muslimin ten negeri pundi kemawon, lan kito tansah pinaringan taqwa, kawilujengan, kesehatan, barokah, lan keselametan fiddunya wal akhiroh saking ngarsanipun Allah swt. Amiin ya Robbal ‘alamiin.

جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْن*َ وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالحِيِنْ* وَقُلْ رَبَّ اغِفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ*

Khutbah Singkat Idul Fitri 2020 Bahasa Jawa: Ngadepi Ujian Musibah Kanti Sabar.

Khutbah ke-2

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَر *ُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ* اللهُ أَكْبَرُ, كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا * وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً * لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ * اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ *
اَلْحَمْدُ ِللهِ اْلمَلِكِ اْلحَنَّانِ* أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْوَاحِدُ اْلمَنَّانُ* وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّعِى إِلَى الْجِنَانِ* اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى اْلعِرْفَانِ *

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ* وَاْعلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ* قَالَ اللهُ تَعَالَى, اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم, بسم الله الرحمن الرحيم * إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيّ, يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا* اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ * وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن * وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن * اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ* وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ* اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ اْلاَمْوَات* اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ* وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ اْلمَكْرُوْبِيْنَ* وَاقْضِ الدَّيْنَ عَلَى اْلمَدْيُوْنِيْنَ* اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلمُنْكَرَ وَاْلبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ اْلمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَّ قِنَا عَذَابَ النَّار* وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن. آمِيْن يَا رَبَّ الْعَالَمِيْن.
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *