Khutbah Jum’at tentang Ibadah Bulan Syawal, Pakai Bahasa Jawa.
Khutbah Jum’at bahasa Jawa kali ini menjelaskan tentang ibadah bulan syawal. Khutbah Jumat ini ditulis KH Damanhuri, Rais Syuriah PCNU Bantul.
Khutbah I: Nuhoni Kumawulo.
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ ِللهِ الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ باْلبَرَاهِيْنِ وَالْبَيِّنَاتِ * وَأَظْهَرَرِسَالَتَهُ بالنُّصْرةِوَالْمُعْجِزَاتِ* أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ اْلخَلاَئقِ وَالْكَائِنَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ مُتِـمُّ أْلأَخْلاَقِ اْلكَـرِيْمَـةِ وَاْلُمـرُوْأَتِ *
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَـِيّدِناَمحُمَّدِ النَّبِيِّ اْلأُمِّيَّ عـَدَدَأَنْـوَاعِ اْلَمخْـلُـوْقـَاتِ * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ آخِرِالسِّـنِينَ وَالسَّاعَاتِ
* أَمَّابَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا اْلحَاضِرُونَ اْلكِرَامُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ*
Para Sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,
Mangga sami kita nambahi taqwa lan taqwa kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun. Kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan kanugerahan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Para Sederek Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kita tentu sampun uninga bilih estunipun taat dateng Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun Allah lan nebihi awisanipun Allah punika kangge kesahenan kita piyambak, Kosok wangsulipun nilar lan nglirwakaken dawuhipun Allah saha nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah punika dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kita, wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun :
وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى
“Sapa wonge mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta”. ( QS. Thaha: 124)
Dawuh menika minangka pepenget tumrap kita ampun ngantos kita nglirwakaken dawuhipun Allah saha ampun ngantos kumawantun nerak lan nerjang awisanipun Allah. Pagesangan kita bade nemahi samsara dunya ngantos dumugining akhirat.
Mboten wonten sarana kangge nggayuh kabegjaning gesang punika kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syari’at agaminipun Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi nggayuh kawilujengan lan kalis saking bebaya kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Dene margi lan sarana taqarrub dateng Allah punika katah sanget cara ingkang saget kita tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kita tindakken tentu kanti nuhoni dateng kwajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunnat malah dipun tengenaken.
Kados wekdal kapengker shalat tarawih sewulan muput dipun ayahi, shalat fardlu gangsal wekdalipun malah alasan prei. Shalat riyaya nganti dinggo sulaya, nanging shalat fardlu limang wektu malah ora tahu. Pramila ibadah sunnat utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken. Rasulullah sampun paring dawuh ing hadits Qudsi :
وَمَاتَقَرَّبَ اِليَّ عَبْدِيْ بِشَيْىءٍ أَحَبُّ اِلَيَّ مِنْ أَدَاءِ مَاافْتَرَضَيْتُهُ عَلَيْهِ
“Ora tumindak ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkara kang Ingsun wajibake tumrap deweke” (HR. Al Bukhari ).
Bapak-bapak, jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Ibadah fardlu ingkang dipun tindakaken saget minangka sarana taqarrub kita dateng Allah tentu menawi sampun netepi tata cara ingkang leres menggah tuntunan syari’at, kanti netepi syarat lan rukun saha katindak aken kanti ikhlash murih karidlanipun Allah.
Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken ibadah kita. Allah dawuh ing Al Qur’an :
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ
“Lan manungsa iku ora di perintah kejaba supaya ngibadah marang Allah kelawan murniake agama kerana Allah” (QS. Al Bayyinah : 5).
Pramila mangga samu kawis tuminndak ibadah kita niyati ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah, Insya Allah kita bade manggih kabekjaning gesang dunya lan akhirat, ugi kalebet kekasih menggahipun Allah Ta’ala; Kados dawuhipun :
لَهُمُ الْبُشْرَىٰ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ
“…………, tumrape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing dunya lan ing akhirate”. (QS. Yunus 64).
Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban kumawula dateng Allah kanti istiqamah wusananipun pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ * وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ * إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ *
وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah II: Khutbah Jumat tentang Ibadah Bulan Syawal, Pakai Bahasa Jawa.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
Demikian Khutbah Jum’at tentang Ibadah Bulan Syawal, Pakai Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. Amin.