Khutbah Singkat Bahasa Jawa Idul Fitri 2020 di Masa Pandemi.
Khutbah meniko kanti tema: Ngraketaken Paseduluran Sesami Umat Islam.
Dipun serat dening: Ustadz Amin Musthofa, guru Madrasah di Pati Jawa Tengah.
Khutbah Pertama
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكبَرْ (3
اللهُ اَكْبَرْ كُلَّمَا هَلَّ هِلاَلٌ وَاَبْدَرَ اللهُ اَكْبَرْ كُلَّماَ صَامَ صَائِمٌ وَاَفْطَرْ اللهُ اَكْبَرْكُلَّماَ تَرَاكَمَ سَحَابٌ وَاَمْطَرْ وَكُلَّماَ نَبَتَ نَبَاتٌ وَاَزْهَرْوَكُلَّمَا اَطْعَمَ قَانِعُ اْلمُعْتَرْ. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَ للهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الشَّافِعُ فِى اْلمَحْشَرْ نَبِيَّ قَدْ غَفَرَ اللهُ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّرَ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ. اللهُ اَكْبَرْ. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Kaum muslimin-muslimat ingkang dipun mulyakaken Allah Subhanahu Wa’ta’ala.
Alhamdulillah, wonteng ing wekdal ingkang berkah meniko kita saget kepanggih dan nglaksanaaken shalat Idul Fitri 1441 Hijriyah. Monggo tetep sabar wonteng ing kahanan pandemi Covid-19 meniko, nderek tindak lampahipun poro ulama dan Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Alllahu Akbar Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd.
Jamaah Idul Fitri Rahimakumullah.
Dinten riyoyo Idul fitri merupakan setunggal dinten ingkang penuh berkah ugi hikmah lan mafaat ingkang saget dipun petik kagem ningkataken kualitas pagesangan kulo lan panjenengan sedoyo. Salah setunggaling riwayat ingkang magayutan kalian kautaman riyoyo idul fitri inggeh meniko riwayat saking panjenenganipun sahabat Ibnu Mas’ud ra, saking kanjeng rasul Muhammad Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam ingkang paring
dawuh mekaten:
اِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا اِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ: يَا مَلاَئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ اُجْرَهُ اَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ فَيُنَادِى مُنَادٌ: يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اِرْجِعُوْااِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَاَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ
Artosipun: “Nalikane umat nabi nglaksanakke poso romadhon nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mongko Allah ta’ala paring dawuh, “Duh malaikatku, kabeh wong sing wes rampung kerjo nduweni hak nompo upah. Lan kawula-kawulaKu kang wus rampungan poso romadhon lan metu seko omah kanggo ngibadah sholat ied sakperlu nggolek ganjaran, mongko seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapuro maring kawula-kawulaKu mau. Nuli ana suwara kang undang-undang: “Duh umate kanjeng nabi Muhammad, balio maring omah siro kabeh. Temen wus den ganti kealanan siro kabeh kelawan kabecikan.Maka Allah ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, siro poso lan buko kerono Ingsun. Mongko podongadeko siro kabeh kanthi nggowo maghfiroh soko Ingsun.”
Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah
Kito meniko posisinipun gesang wonten ing alam ndonyo, nah babakan gesang ing ngalam ndonyo meniko kito supados mboten mligi ngutamakaken dateng urusan donyo. Allah paring peringatan dumateng kito.
وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ إِلَى مَا مَتَّعْنَا بِهِ أَزْوَاجًا مِنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا لِنَفْتِنَهُمْ فِيهِ وَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَأَبْقَى
“Lan maneh mripatiro loro ojo andeleng marang peparingingsun kabungahan ing ndonyo marang wong-wong kafir warno-warno. Sumurupo, kabeh mau minongko kanggo nyobo marang wong-wong kafir. Dene rejekine Allah kang wujud suwargo iku luwih becik serto langgeng ngungkuli peparing ingsun marang-wong-wong kafir.” (QS Thoha: 131).
Peringatan Allah meniko kedah kita perhatosaken supados kito meniko mboten mligi mentingaken dunyo. Opo-opo diukur kanthi materi utawi bondho sanes ukuran saking Al Qur’an lan Al Hadis. Sahenggo tiyang dipun anggep sukses menawi bondonipun katah aliyas sugih mblegedu.
Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah
Menawi Allah meniko Dzat ingkang moho paring pangapunten, sampun sak mestinipun menawi kito ugi saget paring pangapunten dateng sedereksederek kito sesami ummat Muslim.
Paring pangapunten berarti ugi paring kalonggaran utawi kalodhangan dateng sinten kemawon ingkang betahaken bantuan saking kito. Kanthi paring pambiyantu dateng tiyang sanes ingkang mbetahaken bantuan, berarti ugi kito paring bantuan dateng badan kito piyambak.
Kados ingkang sampun dipun ngendikaaken dening Rasulullah SAW:
من نفس عن مؤمن كربة من كرب الدنيا ، نفس الله عنه كربة من كرب يوم القيامة ، ومن يسّر على معسر ، يسّر الله عليه في الدنيا والآخرة
Sopo wonge paring bantuan marang wong mukmin ngentasake kesusahane ing ngalam dunyo, mongko Allah bakal ngentaske deweke seko kangelane wong mau ing dino kiyamat. Lan sopo wonge ngenthengake kerupekane wong liyo, mongko Alloh ugo bakal ngenthengake urusane deweke ing dunyo lan akhirat.
Dhawuhipun Rasululloh menika negesaken dateng kito sedoyo, bilih sampun sak mestinipun antawisipun sesami tiyang Islam kedah saling dukung mendukung, lan saling bantu membantu ingdalem babakan kesahenan. Sahe meniko masalah ingkang magayutan kalian urusan dunyo ugi ingkang magayutan kaliyan urusan akhirat. Sebab, mbenjang wonten ing dinten kiyamat gusti Alloh bade paring batuan namung dateng kawulanipun ingkang purun naati perintahipun selami gesang wonten ing donya lan purun paring kesaenan dumateng sesami.
Saling paring pangapunten ugi saling tulung tinulung meniko sifat aslinipun manungso, sebab manungso puniko makhluk sosial. Ananing keranten syetan lan nafsu ingkang dadosaken sifat dasar manungso kolowahu sering boten saget dipun lampahi.
Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah
Mugi-mugi Alloh azza wa jalla tansah ndadosaken kito umat ingkang berjaya ing dunyo ugi ing akhirot. Mugi-mugi Alloh manggihaken dateng kito benjang wonten akhirot ing dalem suasono ingkang kebak pasederekan ingkang ngremenaken lan mugi kito kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang bekjo pikantuk rohmat lan nikmatipun Allah SWT. Akhiripun, Sugeng Riyadin Idul Fitri, 1 syawal 1441 H, Taqabbalallahu minna wa minkum shiyamana wa shiyamakum, kullu ‘amin wa antum bi khair, ja’alanallahu wa iyyakum minal ‘aidin wal faizin. Aamiin ya rabbal ‘alamin.
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، وأستغفر الله العظيم الجليل لي ولكم ولسائر المسلمين من كل ذنب، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.
Khutbah Kedua
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ.
الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ اْلأَعْيَادَ بِالأَفْرَاحِ وَالسُّرُوْرِ وَضَاعَفَ لِلْمُتَّقِيْنَ جَزِيْلَ اْلأُجُوْرِ، فَسُبْحَانَ مَنْ حَرَّمَ صَوْمَهُ وَأَوْجَبَ فِطْرَهُ وَحَذَّرَ فِيْهِ مِنَ الْغُرُوْرِ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى فَهُوَ أَحَقُّ مَحْمُوْدٍ وَأَجَلُّ مَشْكُوْرِ. أَشْهَدُ أَنَّ لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً يَشْرَحُ اللهُ لَهَا لَنَا الصُّدُوْرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِىْ أَقَامَ مَنَارَ اْلإِسْلاَمِ بَعْدَ الدُّثُوْرِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا دَائِمَيْنِ مُتَلاَزِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالنُّشُوْرِ. أَمَّابَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ. فَأَكْثِرُوْا مِنَ الصَّلاَةِ عَلَى النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ. وَقَالَ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ؛ إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تسْلِيْمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى أٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأْ َمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللّٰهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَنَا أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُبْتَدِعَةَ وَالْمَشْرِكِيْنَ، وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللّٰهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ الظَّالِمِيْنَ وَاكْفِنَا شَرَّ الْحَاسِدِيْنَ. وَاكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِيْنَا وَأَهْلِكْ مَنْ أَرَادَنَا بِالسُّوْءِ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَِلإِِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَتَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ.
اللهُ أَكْبَرُ، عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Demikian Khutbah Singkat Bahasa Jawa Idul Fitri 2020 di Masa Pandemi, semoga bermanfaat.