Khutbah Jum’at tentang Musibah dan Iman, Versi Bahasa Jawa.
Khutbah Jum’at bahasa Jawa kali ini menjelaskan tentang iman, sabar dan musibah. Khutbah Jumat ini ditulis KH Damanhuri, Rais Syuriah PCNU Bantul.
Khutbah I: Inabah lan Muhasabah Nampi Mushibah.
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَ كَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للهِ اَلْحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الْمَنَّانِ* الَّذِي حَذَرَنَا بِأَمْوَاجِ الْبَلاَءِ وَالْفِتَانِ * مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيَّانُ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَرَنَا عِنْدَ ظُهُوْرِ الْفِتَنِ * بِاْلإِعْتِصَامِ وَالتَّمَسُّكِ بِاْلكِتَابِ وَالسُّنَنِ* أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الدَّاعِي إِلَي دَارِ الْجِنَانِ * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ* أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللهِ وَالطَّاعَاتِ وَالْعِبَادَاتِ وَتَرْكِ الْمَعَاصِي وَالطُغْيَانِ * وَاعْلَمُوْا أَنَّ الدُّنْيَا دَارَ الْإِبْتِلاَء ِوَالْإِمْتِحَانِ * فَلَيْسَ لَنَا النَّجَاةُ مِنْهَا إِلَّا ِبتَمَسُّكِ الْكِتَابِ وَالسُّنَنِ* وَفِي اْلإِعْرَاضِ عَنْهُمَا الضَّلاَلُ وَالْغَيَّانُ *
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabahgyaan saking Allah Ta’ala. Amin.
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Wonten ing madyaning gesang kita punika, sakestu kita mboten bade saget selak lan sumingkir saking musibah saha pacobaning gesang, lan mboten wonten kekiyatan ingkang saget nolak kejawi kanti pitilunganipun Allah.
Allah sampun paring dawuh:
وَإِذَا أَرَادَ اللهُ بِقَوْمٍ سُوْءًا فَلاَ مَرَدَّلَهُ وَمَا لَهُمْ مِنْ دُوْنِهِ مِنْ وَالَ
“Lan nalika Allah ngersakake nyiksa marang sawijining bangsa, mongko ora ono siji sijiya kang bisa nolak siksane Allah, sarta ora ono wong kang ngelindungi kejaba Allah.” (QS. Ar Ra’du : 11)
Kita ingkang sampun iman dateng ngarsa dalem Allah, mboten ateges kita sampun aman saking cobi lan musibah, sarta sak wernining bebaya.
Kita temtu dipun uji dening Allah kangge naker saha mbuktekaken goroh menapa temen imanipun. Kados dawuh dalem Allah:
أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوْا أَنْ يَقُوْلُوْا آمَنَّا وَهُمْ لَايُفْتَنُوْنَ * وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللهُ الَّذِيْنَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِيْنَ *
“Apa menungsa iku pada nyana menawa deweke iku diuja wae (tegese ora diuji), sak wuse ngucap “Aku wes iman” sedeng wong wong mau ora diuji? Lan saktemene Ingsun (Allah) wus nyoba marang wong wong kang sak durunge kang pada bener, lan temen sayetine Allah pirsa wong kang pada nggorohake” (QS. Al Ankabut : 2-3).
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Ujian lan pacoben saking ngarsa dalem Allah dateng kita sedaya wujudipun mawerni werni. Mboten sekedik tiyang ingkang nampi kanugerahan ingkang melimpah, drajat ingkang inggil, ananging wusananipun ndadosaken jalaran piyambakipun dhumawah dateng kacintrakan lan kasengsaran, karana mboten purun syukur ananging malah kufur lan takabbur, kanthi bandha dunya lan drajat pangkate. Kosok wangsulipun, mboten sekedik ugi ingkang nampi pacoben lan musibah arupi kasengsaran lan kesisahan, nanging malah dados lantaranipun enget dateng Allah, lan saya tambah mempengipun ibadah lan ndandosi nyaeaken sesrawunganipun dhateng masyarakat.
Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.
Tumrap kita tiyang mukmin, kedah tansah husnudzan dateng Allah, lan methik hikmah saking sedaya musibah kala wau, bilih sedayanipun temtu mbekta hikmah tumrap kita sedaya, sinaosa kita dereng mangertos sak nalika. Jumbuh kaliyan hadits dawuhipun Kanjeng Nabi :
مَازَالَ الْبَلاَءُ بِالْمُؤْمِنِ وَالْمُؤْمِنَةِ فِي نَفْسِهِ وَمَالِهِ وَوَلَدِهِ حَتَّى يَلْقَى اللهُ وَمَا عَلَيْهِ خَطِيْئَةٌ
“Ora leren leren pacoban kang tumempuh marang wong kang mukmin lanang lan wadon, ngenani ing awak bandhane lan anake, deweke tetep sabar, sahingga nalika deweke sowan marang Allah ora nggowo dosa lan kaluputan”.(Al Hadits)
Wusananipun, kita kedah yakin, bilih musibah punika minangka pepenget saha nguji dateng imanipun kawula, supados sami purun inabah, ambangsulaken sedaya perkawis dateng ngarsanipun Allah, saha muhasabah, ngoreksi saha mawas diri dateng tumindakanipun ingkang sampun kelajeng, minangka kangge mbudi daya kesaenan wanci ngajeng, wusana saya tambah tambah iman lan taqwanipun dateng ngarsa dalem Allah SWT.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَئِزِيْنَ الْاَمِنِيْنَ وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ الصَّالِحِيْنِ * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah II: Khutbah Jumat tentang Musibah dan Iman, Versi Bahasa Jawa.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
Demikian tentang Khutbah Jum’at tentang Musibah dan Iman, Versi Bahasa Jawa, semoga bermanfaat. Amin.