Khutbah Jumat Tentang Gerhana Bahasa Jawa: Sarana Ngiyataken Iman

Khutbah Jumat Tentang Gerhana Bahasa Jawa: Sarana Ngiyataken Iman

Khutbah Jumat Tentang Gerhana Bahasa Jawa: Sarana Ngiyataken Iman

Dening : Ustad Ahmad Munir, Bidang Pengkaderan LTN  PWNU DIY. Berikut Naskah Khutbah Jumat Tentang Gerhana Bahasa Jawa: Sarana Ngiyataken Iman:

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، اَلَّذِي خَلَقَ اْلإِنْسَانَ خَلِيْفَةً فِي اْلأَرْضِ وَالَّذِي جَعَلَ كُلَّ شَيْئٍ إِعْتِبَارًا لِّلْمُتَّقِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَّ سُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، لَهُ الْمُلْكُ وَ لَهُ الْحَمْدُ يُحْيِى وَيُمِيْتُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ وَأَفْضلِ اْلاَنْبِيَاءِ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَاِبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ

 فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ وَ الْمُسْلِمَاتُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

 فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ . خَلَقَ الْإِنْسَانَ مِنْ عَلَقٍ . إِقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ

 وَ قَالَ أيضاً: هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاءً وَالْقَمَرَ نُورًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ . مَا خَلَقَ اللَّهُ ذٰلِكَ إِلَّا بِالْحَقِّ . يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ

Kaum muslimin-muslimat rahimakumuLlah,

Monggo kita tansah ikhtiar mbudidaya iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Jalaran, taqwa dhumateng Allah punika ingkang saget nuntun kita wonten ing mergi ingkang leres lan lurus.

Kaum muslimin-muslimat rahimakumuLlah,

Dinten punika, kita kempal wonten ing masjid mboten sanes nderek dawuhipun Allah SWT saha Rasulullah SAW supados kita nglaksanaaken sholat gerhana rembulan (khusyuful qomari). Wekdal sakmeniko wonten prastowo alam inggih punika Gerhana Bulan, kahanan tatkalanipun bulan mboten saget nyinari bumi kados adat biasanipun, kranten sejajaripun srengenge, bumi, lan bulan. Sahinggo bulan mboten saget mantulaken cahayaning srengenge.

Gerhana rembulan punika minangka ayat (tanda kekuasaan) Allah. Sebab, ayat Allah punika wonten ingkang arupi pangandikan (ayat qauliyah) inggih ingkang awujud al-Qur’an, ugi ingkang arupi kedadosan lan peristiwa alam semesta (ayat kauniyah). Dados, sedaya penciptaan Allah punika ugi ayat Allah ingkang nedahakaen wujud kekuasaan lan keagunganipun Allah.

Kalebet peristiwa Gerhana Bulan punika. Sebab, sedaya kedadosan wonten ing alam punika mboten sanes saking kersa (irodah) Allah SWT. Sahingga, kita  kedah mangsulaken sedaya punika dhumateng Allah SWT.

Pramilo, saking prastowo punika, minongko tiyang ingkang iman, kita kedah mendhet hikmah lan pelajaran (i’tibar) sahingga tambah kandel lan kiyat keyakinan lan keimanan kita dhumateng Allah SWT. Allah paring pangandikan:

إِنَّ فِى خَلْقِ السَّمٰوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلاَفِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَأٰ يَاتٍ لِأُولِى الْأَلْبَابِ۝ الَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللهَ قِيَامًا وَقُعُوْدًا وَعَلٰى جُنُوْبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوَاتِ وَ الْأَرْضِ، رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هٰذَا بَاطِلاً، سُبْحَانَكَ فَقِنَا  عَذَابَ النَارِ۝ ﴿ال عمران:١٩٠ ۔ ١٩١

Artosipun: “Sejatine ing sakjrone kaciptaake langit lan bumi, gumantine wengi lan rina iku ana tandha-tandha (kekuasaane Allah kang maedahi) tumrap wong-wong kang anduweni akal (190), (hiya iku) wong-wong kang padha eling marang Allah ana kahanan padha jumeneng, lungguh, utowo turu, lan dheweke kabeh iku padha mikir-mikir ngenani kedadeyane lan lan bumi sakisine (sertane podho matur): ‘Duh Gusti Pangeran kulo, Panjenengan nitahake punika sedaya mboten wonten ingkang sia-sia, Maha Suci Panjenengan, pramilo mugi Panjenengan ngreksa dhumateng kula sedaya saking siksanipun neraka”.(191) [QS. Ali Imran: 191-192]

Kaum muslimin-muslimat rahimakumuLlah,

Hikmah ingkang sepisan, prastowo punika dados saranan kita ngiyataken tauhid keimanan kita. Kanjeng Nabi paring dhawuh:

إنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ لاَ يَنْخَسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلاَ لِحَيَاتِهِ، فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذٰلِكَ فَادْعُوْا اللهَ  وَكَبِّرُوْا، وَصَلُّوْا، وَتَصَدَّقُوْا

“Saktemene srengenge lan bulan iku bagian tandha-tandha (kekuasaanipun) Allah. Gerhanane (srengenge lan bulan) iku ora (den sebabake) kerono mati lan uripe manungso. Mongko, tatkalane sira kabeh podho nemoni gerhana, (enggal-enggal) podo donga maring Allah, nuli padha (ngakeh-akehno) takbir, sholat, lan shodaqoh.”

Saking hadits punika cetho bilih sedaya punika wujud kekuasaanipun Allah SWT. Ampun ngantos, sebab gerhana punika wonten panyono ingkang klintu sahingga saget ngglingsirake tauhid keimanan kita. Pramilo, kanjeng Nabi paring dhawuh supados kita ngathah-ngathahaken waosan takbir, sebab namung Allah ingkang Maha Agung. Kita kedah nyadari bilih kita punika namung makhluk ingkang alit, mboten gadhah daya lan kekiatan kejawi namung saking Allah.

Kaping kaleh, kita kedah munajat saha ikhtiar taqarrub dhumateng Allah, sahingga peristiwa gerhana punika dados wasilah kita nyelak dhumateng Allah lumantar doa lan sholat. Kadosto ingkang sampun dipun dhawuhaken Kanjeng Nabi wonten ing hadits kasebat.

Kita ugi kedah ngrumaosi bilih kita punika makhluk ingkang kathah lepat lan dosa. Pramila, prastowo punika sageto dados momentum anggen kita taubat dhumateng Allah saranan ngathah-ngathahaken istighfar. Kados pangandikanipun kanjeng Nabi:

فَإِذَا رَأَيْتُمْ شَيْئًا ذَالِكَ  فَافْزَعُوْا اِلَى ذِكْرِهِ  وَ دُعَائِهِ  وَ اسْتِغْفَارِهِ

“Mongko tatkalane siro kabeh podo nemoni gerhana, enggal-enggal podo eling/dzikir marang Allah, dungo, lan (ngakehake) istighfar marang Allah.”

Kaping tiga, saking peristiwa kekuasaanipun Allah punika, saksaget-sagetipun, kita kedah nuwuhaken raos welas asih dhumateng sesami. Kadosto ingkang dipun dawukahen Kanjeng Nabi supados kita ngathahaken shodaqoh. Punika ugi nedahaken, bilih Islam tansah paring keseimbangan ing antawisipun kesaenan pribadi (shalih personal) lan kesaenan dhumateng sesami (shalih sosial).

Mugi-mugi kanthi peristiwa gerhanan bulan punika saget dados sarono kita nguataken iman, ibadah, lan keikhlasan kita sahinggo kita kalebet tiyang ingkang slamet dunyo-akherat. Amin Ya Robbal ‘alamin.

جَعَلَنَا اللهُ وَ إِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْأَمِلِيْنِ وَ أَدْخَلَنَا وَ إِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ. وَ قُلْ رَبِّ اغْفِرْ  وَ ارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلٰهَ اِلاَّ اللهُ  وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

اَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوْا اللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ  بِقُدْسِهِ  وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ  يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ  وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمً

 اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ  وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ  وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ  يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، أَللّٰهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَ اْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَ اْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَ اِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَ تَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.  وَ الْحَمْدُ  لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتَآءِ ذِىاْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ  عَلٰى  نِعَمِهِ   يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

Demikian Khutbah Jumat Tentang Gerhana Bahasa Jawa: Sarana Ngiyataken Iman. Semoga bermanfaat

Baca pula Tema Khutbah Jumat lainnya. Baca di sini

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *