Khutbah Idul Fitri 1442 Hijriyah, Ningkataken Empati Ing Wanci Pandemi

Khutbah Idul Fitri 1442 Hijriyah, Ningkataken Empati Ing Wanci Pandemi

Khutbah Idul Fitri 1442 Hijriyah, Ningkataken Empati Ing Wanci Pandemi.

Khutbah bahasa Jawa ini ditulis oleh KH Zudi Rahmanto, Sekretaris PCNU Gunungkidul.

Khutbah I: Khutbah Idul Fitri 1442 Hijriyah, Ningkataken Empati Ing Wanci Pandemi

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.

 اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَاتَ وَ أَحْيَى. اَلْحَمْدُ للهِ الًّذِيْ أَمَرَنَا بِالتَّقْوَى وَ نَهَانَا عَنِ اتِّبَاعِ الْهَوَى. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ لَنَا عِيْدَ الْفِطْرِ وَ اْلأَضْحَى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ نِعْمَ الْوَكِيل وَنِعْمَ الْمَوْلَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَ مَنْ يُنْكِرْهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً بَعِيدًا.

وَ صَلَّ اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا وَ حَبِيْبِنَا الْمُصْطَفَى، مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الْهُدَى، الَّذِيْ لاَ يَنْطِقُ عَنْ الْهَوَى، إِنْ هُوَ إِلاَّ وَحْيٌ يُوْحَى، وَ عَلَى اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدقِ وَ الْوَفَا. اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِمَنْ اِتَّبَعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْجَزَا.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم،  بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ  :    اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ  صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

 Jamaaah Ingkang Sehat lan Bagyo Mulyo,

Alhamdulillah kita saget kepanggih wonten ing enjang ingkang kebak berkah menika, lan dipun kebaki raos pasedherekan ugi kekhusyukan. Kita saget sami-sami hangrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken Asma Allah lan nyukuri nikmat saking Allah SWT. Langkung rumiyin kulo pesen kangge pribadi kulo piyambak lan umum kagem sedherek-sedulur kulo kaum muslimin-muslimat. Monggo sami ajrih dateng ngarsanipun Allah kelawan netepi sikap lan sifat lan laku takwa ingkang tenanan. Sejatosipun takwa inggih kelawan ngamalaken sedoyo ingkang dados dawuhipun Allah lan nebihi sedoyo  larangan-laranganipun Allah swt.

Kita sedoyo sampun pirsa, awit dhawahing pageblug covid-19 ingkang sumebar sak endenging  jagad wekdal meniko, di sebagian kawasan Bumi, lumeebet Gelombang Kedua Penyebaran Covid 19.  Mugi Indonesia Aman, Amiin. Sampun pas lan gumathuk kaliyan kawontenan global, Ikhtiar Pemarintah Republik Indonesia kanthi pengetatan dan pembatasan interaksi sosial dumugi dinten puniki, sedaya kangge njagi kemaslahatan sedaya warga bangsa. Monggo kita sedaya ningkataken  taat dateng Allah, lan taat  dateng Pamarentah (ulul amri) ingkang nyepeng otoritas ingkang sah damel dawuh kesaenan dateng warga nagari.

Corona Virus Disease atau Covid-19 dumugi dinten puniki taksih terjadi penyebaran di Indonesia lan Dunia. Penyebaranipun massif dan sistemik sahinggo nuwuhaken multiple effect kangge  ratusan  negara ing ngalam donya, kalebet negari kita, Indonesia.  Sampun kathah piyantun ingkang terpapar hinggo nglampahi solasi lan malah kathah ugi ingkang sampai  tilar donya, dipun bui kunjara amargi nabrak tatanan  protokol kesehatan. Pageblug ugi berdampak dateng pranatan  perekonomian, hukum, politik ugi tata kelola Pemerintahan, sarta  cara berinteraksi sosial masyarakat lan pangibadahanipun.

Monggo tetep disiplin ngamalaken 5 M (memakai masker, menjaga jarak, mencuci tangan, membatasi mobilitas dan interaksi, dan menjauhi kerumunan) wonten saben-saben aktivitas sae aktivitas luar rumah termasuk di rumah saha papan pangibadahan, demi KEMASLAHATAN BERSAMA.

Jamaah Ied Hadaakumullah!

Dinten riyoyo Idul fitri merupakan setunggal dinten ingkang penuh berkah ugi hikmah lan mafaat ingkang saget dipun pethik kagem ningkataken kualitas pagesangan kulo lan panjenengan sedoyo. Salah setunggaling riwayat ingkang gegayutan kalian kautamanipun dinten riyoyo idul fitri inggeh meniko riwayat saking panjenenganipun sahabat Ibnu Mas’ud ra, saking kanjeng rasul Muhammad Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam ingkang paring dawuh mekaten:

اِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا اِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ: يَا مَلاَئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ اُجْرَهُ اَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ فَيُنَادِى مُنَادٌ: يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اِرْجِعُوْااِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَاَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ

Artosipun:  “Nalikane umat nabi nglaksanakke poso romadhon nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mongko Allah ta’ala paring dawuh, “Duh malaikatku, kabeh wong sing wes rampung kerjo nduweni hak nompo upah. Lan kawula-kawulaKu kang wus rampungan poso romadhon lan metu seko omah kanggo ngibadah sholat ied sakperlu nggolek ganjaran, mongko seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapuro maring kawula-kawulaKu mau.

Nuli ana suwara kang undang-undang: “Duh umate kanjeng nabi Muhammad, balio maring omah siro kabeh. Temen wus den ganti ngamal ala siro kabeh kelawan kabecikan Sak banjure Allah ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, siro poso lan buko kerono Ingsun. Mongko podho jumunenga siro kabeh kanthi nggowo maghfiroh soko Ingsun.”

 اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jamaah Ied Rahimakumullâh,

Menawi kita ningali kawontenan poro kaum fakir miskin, kados melas banget pagesanganipun, kadhang sedina mangan sedina mboten, sandangane suwek-suwek owal-awilan mboten wonten gantine lan saben dinane mlaku turut ndalan jaluk kawelasane tiyang sanes.

Piyantun kang kados ngateniki saben dino pun sawang mboten mintalani, ngelak lan ngelih, sedih susah dirasakke bareng. Kadang-kadang ketambahan nggadahi putra yatim, sebab bapake sampun mboten wonten. Pramilo,  sak sampunipun kito ngraosaken luwe ngelak karanten mboten dahar-ngunjuk kanthi shiyam sewulan muput, kedahipun tuwuh raos empati  lan rasa welas lan asih dhumateng poro faqir miskin sewau ngajeng.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Agami Islam sampun dhawuh tumrap ummatipun, ingkang kasdu longgar ing babagan ekonomi supados ngedalaken zakat  mal, zakat fithrah,  infaq lan sedekah. Kanthi nindaaken aksi nyata puniko, kito mugi termasuk ummat ingkang sampun ngamalake dhawuhipun Rosululloh saw:

أَغْنُوْهُمْ عَنِ السُّؤَالِ فِى هَذَا اْليَوْمِ .

Artine : “Poro faqir miskin niku cukupono (sandang pangane) supoyo ojo nganthi jejaluk ing dino riyoyo iki.”

Maksudipun, ampun ngantos ing dinten riyaya puniki koq wonten piyantun ngemis marge luwe! Temtu puniko kawontenan ingkang mesaake banget, wayahe piyantun akeh podo seneng-seneng, sambang-sinambang, ziaroh, kanthin winates amargi kahanan pageblug, saget dhahar klethikan, pacitan lan ngunjuk wedang, orson, jahe kopi lan werna-wernaning minumaan halal,  lha kanyata taksih wonten seperangan piyantun ingkang kapekso jaluk-jaluk kanggo ngisi wetenge, nyukupi butuh hariane.  Mugi-mugi kito sedaya dipun paringi sifat welas lan asih marang sapodo-podo makhluq ing bumi, supados kito dipun asihi dening sinten kemawaon kang mapan ono ing langit. Rosululloh saw dawuh :

اِرْحَمْ مَنْ فِى اْلأَرْضِ ، يَرْحَمْكَ مَنْ فِى السَّمَاء

Artosipun:

“Welaso siro marang titah kang ono ing bumi, siro mesti bakal diwelasi kang ono ing langit.”  Diriwayatake dening Imam At Thobroni saking shohabat Jarir ra.

 Dhawuhipun Allah SWT:

 “وَاَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنَاكُمْ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَأْتِيَ أَحَدَكُمُ اْلمَوْتُ فَيَقُوْلُ رَبِّ لَوْلاَ أَخَّرْتَنِى اِلَى أَجَلٍ قَرِيْبٍ , فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ. وَلَنْ يُؤَخِّرَ اللهُ نَفْسًا إِذَا جَاءَ أَجَلُهَا , وَاللهُ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ”  (سورة المنافقون : ۱۰-۱۱(

Artosipun :

“Lan siro kabeh podo infaqna songko rizqi kang wus ingsun paringake marang siro kabeh, sak durunge salah suwijine siro kabeh niku katekan pati, banjur matur : “Duh pengeran kulo, mugi panjenengan paring wekdal sakedap kemawon kulo bade shodaqoh lan bade dados golonganipun tiyang sahe-sahe. Alloh ora bakal paring kelonggaran wektu marang piyantun lamun wus teka titi mangsane pati. Alloh niku Moho Waspodo marang opo wahe kang siro kabeh tindaake.”

Mugi kito, sedaya lan sedaya  kaluarga, tansah manggih ridha lan berkah saking Allah SWT, kita sami pun jagi sehat lahir batin dening Allah, Aamiin.

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ اْلعَظِيْمِ . عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ, وَاَحُثُّكُمْ وَنَفْسِى عَلَى طَاعَةِ اللهِ وَرَسُوْلِهِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 Khutbah II: Khutbah Idul Fitri 1442 Hijriyah, Ningkataken Empati Ing Wanci Pandemi.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر.

Demikian tentang Khutbah Idul Fitri 1442 Hijriyah, Ningkataken Empati Ing Wanci Pandemi, semoga manfaat.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *