Khutbah Hari Raya Bahasa Jawa, Idul Fitri Wonten Ing Kahanan Pandemi

Khutbah Hari Raya Bahasa Jawa, Idul Fitri Wonten Ing Kahanan Pandemi

Khutbah Hari Raya Bahasa Jawa, Idul Fitri Wonten Ing Kahanan Pandemi.

Khutbah ini ditulis oleh Ustadz Ahmad Munir, Sekretaris MWC NU Playen Gunungkidul.

 أَللّٰهُ أَكْبَرُ (x۹)

كَبِيْرًا وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَ سُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَ أَصِيْلاً.   لَا إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَ اللّٰهُ أَكْبَرُ. أَللّٰهُ أَكْبَرُ وَ لِلّٰهِ  الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى جَعَلَ الْأَعْيَادَ باِلْأَفْرَاحِ وَ السُّرُوْرِ وَ ضَاعَفَ لِلْمُتَّقِيْنَ جَزِيْلَ الْأُجُوْرِ، وَ كَمَّلَ الضِّيَافَةَ فِي يَوْمِ الْعِيْدِ لِعُمُوْمِ الْمُؤْمِنِيْنَ بِسَعْيِهِمِ الْمَشْكُوْرِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْعَفُوُّ الْغَفُوْرُ. وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ الرَّحِيْمُ الْمَشْهُوْرُ. صَلَّى اللّٰهُ عَلَى حَبِيْبِنَا وَ شَفِيْعِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أٰلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ كَانُوْا يَرْجُوْنَ تِجَارَةً لَنْ تَبُوْرَ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا .

أَللّٰهُ أَكْبَرُ. لَا إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَ اللّٰهُ أَكْبَرُ. أَللّٰهُ أَكْبَرُ وَ لِلّٰهِ  الْحَمْدُ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ وَ الْمُسْلِمَاتُ رَحِمَكُمُ اللّٰهُ! أَوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَ طَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

Hadirin wal hadirat, jamaah sholat ‘Idul Fitri, rahimakumullah.

Puji syukur dhumateng Allah Swt ingkang tansah paring kanikmatan lan kanugerahan dhumateng kita sedaya, sahingga wonten ing kalodangan enjang punika kita saget nindaaken ibadah shalat Idul Fitri kanthi khusyuk.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepno dhumateng junjungan panutan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lumeber dhumateng keluarga, garwa-putra, sahabat lan umatipun, insya Allah, kalebet kita sedaya. Aamiin.

Saklajengipun, monggo kita mbudidaya taqwa dhumateng Allah Swt kanthi nglaksanaaken sedaya dawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Allah Swt paring dawuh:

وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَخْشَ اللّٰهَ وَيَتَّقْهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ ٥٢

Artosipun: “Lan sapa wonge taat marang Allah lan Rasuli-Pun lan wedi marang Allah lan takwa marang Panjenenganipun, mula hiya dheweke kabeh kuwi wong-wong kang entuk kamenangan.” (QS. An-Nur [24]: 52)

أَللّٰهُ أَكْبَرُ،   وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ. أَللّٰهُ أَكْبَرُ، أَللّٰهُ أَكْبَرُ،

Kaum muslimin-muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah.

Dinten punika kita ngrayaaken ‘Idul Fitri wonten ing kawontenan musibah pandemi Covid-19. Sampun setunggal tahun langkung musibah punika dereng sirna saking bumi punika. Tentu kemawon raos sedih lan prihatos wonten ing manah kita awit musibah lan ujian punika. Ananging, kita kedah ngiataken iman kita bilih sedaya punika awit kersa lan kuasanipun Allah Swt. Wonten ing al-Qur’an dipun dawuhaken:

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗ ۗوَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ

Artosipun: “Ora ana suwiji musibah wae kang tumama marang suwijine pawongan kejaba kelawan izinipun Allah, lan sapa wonge kang iman marang Allah, mesthi Panjenenganipun bakal paring oituduh marang atine. Lan Allah Maha Pirsa sakabehing suwiji-wiji.”  (QS. At-Taghabun [64]: 11)

أَللّٰهُ أَكْبَرُ،   وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ. أَللّٰهُ أَكْبَرُ، أَللّٰهُ أَكْبَرُ،

Hadirin wal hadirat ingkang minulya,

Sejatosipun saben-saben ajaran syari’at Islam punika mengku hikmah inkang saget dipun maknani wonteng pagesangan kita. Kalebet syari’at Idul Fitri punika mengku mapinten-pinten hikmah, khususipun wonten ing kahanan musibah pandemi punika.

Sepisan, minangka ujian kesabaran. Dinten punika ugi wekdal akhir-akhir punika saestu dados ujian kang nyata kagem kita sedaya. Wonten ing kahanan normal, kita saget ngrayaaken Idul Fitri sareng kalian keluarga, sederek, lan famili kita. Ananging, wonten ing wekdal punika, sakperangan keluarga mboten saget sesarengan kalian keluarganipun kranten tebih wonten ing perantauan, mboten saget sareng kranten kawontenan pandemi. Tentu kemawon, manah punika kadang tuwuh raos kangen lan sedih.

Nopo malih wonten ugi ingkang nembe dipun uji gerah, raos was-was, cupetipun sesrawungan, lan ujian sanesipun ingkang gegayutan kaliah kahanan pandemi. Punika dados ujian kesabaran inkang nyata tumrap kita sedaya. Allah Swt dawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ ١٥٣

Artosipun: “He wong-wong kang padha iman, dadekna sabar lan shalat iku minangka pitulung sira kabeh, setuhune Allah iku tansah nulungi wong-wong kang padha sabar.” (QS. Al-Baqarah [1]: 153)

Wonten ing kahanan punika, laku sabar ingkang saget ndadosaken kita lulus saking ujian musibah punika. Kados dawuhipun al-Habib Abdullah bin Alawy al-Haddad wonten ing kitab an-Nashaih ad-Diniyyah bilih sabar punika minangka sifat lan laku ingkang tansah dipun betahaken dening kawula ingkang iman anggenipun nglampahi gesang wonten ing ngalam dunya punika. Sae dipun uji musibah, anggenipun nindaaken ibadah, nebihi perkawis maksiat, lan nalikanipun ngendaliaken hawa nafsu, sedaya punika mbetahaken sabar minangka wasilah anggenipun hasil wonten ing ujian pagesangan manungsa. Allah SWT dawuh:

وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَاِنَّكَ بِاَعْيُنِنَا

Artosipun: “Lan sabaro sira nalikane ngenteni katetepane Pangeran sira, mangka saktemene sira ana ing ndalem pamirsa Ingsun (Allah),” (QS. Ath-Thur [52]: 48)

Hakekat sabar sejatosipun kados pundi kita saget nyuda lan nilar “nggersula” marang saklintunipun Allah. Kita kedah ikhtiar anggenipun nggersula lan matur awit kahanan ingkang awrat namung dateng Allah. Kita sampun dipun latih wonten ing saklebetipun Ramadhan kados pundi nuwuhaken laku sabar. Kantun dumugi pundi kita saget njagi lan ngrawat sifat sabar punika wonten wekdal saklajengipun. Menawi kita saget nglambari saben lampah kita kanthi sifat sabar, Allah sampun nyiapaken ganjaran lan hasil ingkang agung. Allah Swt dawuh:

اِنَّمَا يُوَفَّى الصّٰبِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ ١٠

Artosipun: “Sejatine namung wong-wong kang padha sabar wae kang kasampurnaake ganjarane dhewekw kabeh kanthi tanpa etungan..” (QS Az-Zumar [39]: 10)

أَللّٰهُ أَكْبَرُ،   وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ. أَللّٰهُ أَكْبَرُ، أَللّٰهُ أَكْبَرُ،

Hadirin wal hadirat hadanallahu wa iyyakum ajama’in.

Ingkang angka kalih, minangka wujud syukur. Sepinteno ujian gesang ingkang kita lampahi, sejatosipun mboten wonten bandinganipun kalian agungipun rahmat, nikmat, lan kanugrahan ingkang dipun paringaken Allah dhumateng kita. Allah Swt negasakan:

وَاٰتٰىكُمْ مِّنْ كُلِّ مَا سَاَلْتُمُوْهُۗ وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَظَلُوْمٌ كَفَّارٌ ࣖ ٣٤

Artosipun: “Lan Panjenenganipun (Allah) wis paring marang sira kabeh (kebutuhan sira kabeh) saka sekabehing apa yang sira suwun. Lan lamuno sira kabeh padha ngetung nikmate Allah, sira kabeh ora bakal iso ngetung. Sejatine menungsa iku banget zalime lan banget olehe padha ngingkari (nikmate Allah)”. (QS. Ibrahim [14]: 34)

Ujian lan cobaan ingkang lampahi ampun ngantos nutupi manah kita saking ningali agungipun nikmat lan anugerahipun Allah. Manah, lisan, lan perilaku kita kedah mancaraken raos lan lampah syukur. Bingahipun manah anggenipun nampi nikmat, lisan ingkang tansah dzikir, lan lampah ingkang jumbuh kalian dawuhipun Allah ingkang mawujud ngibadah, sedaya punika wujud syukur kita.

Kanjeng Nabi Muhammad Saw dawuh:

لَوْ أُعْطِيَ رَجُلٌ مِنْ أُمَّتِي الدُّنْيَا بِأَسْرِهَا ثُمَّ قَالَ “أَلْحَمْدُ لِلّٰهِ” كَانَ قَولُهُ  “أَلْحَمْدُ لِلّٰهِ” أَفْضَلَ مِنْ ذٰلِكَ كُلِّهِ

Artosipun: “Lamunto wong saking umatku diparingi dunya lan hiasane (dunya), nuli ngucap “al-Hamdulillah”, mangka ucapan “Al-Hamdulillah” iku  luwih utama tinimbang dunya lan hiasane.” (al-Hadits)

Syukur ugi minangka sarana supados nikmat ingkang kita tampi mboten gampil ical, lan nikmat ingkang dereng kita nembe enggal saget kita tampi. Syeikh Muhammad Nawawi bin Umar al-Jawi ngendika:

وَ هُوَ (الشُّكْرُ) سَبَبٌ لِإِبْقَاءِ النِّعَمِ الْمَوْجُوْدَةِ وَ وَسِيْلَةٌ إِلَى حُصُوْلِ النِّعَمِ الْمَفْقُوْدَةِ.

Artosipun: “Syukur iku minangka sebab teteping nikmat, lan dadi wasilah nekakke nikmat.”

 Pramila, monggo syiam Ramadhan ugi riyaya Idul Fitri punika dados momentum nuwuhaken raos lan lampah syukur kita dhumateng Allah SWT.

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ ٧

Artosipun: “Lan (elinga uga) arikalane Pangeran sira kabeh mbiwarakke (kang surasane): “Sakyekti lamun sira kabeh padha syukur, mesthi Ingusn (Allah) bakal paring tambahing (nikmat) marang sira kabeh, lan lamun sira kabeh pada ngingkari (nikmat Ingsun) saktemen siksa Ingsun iku banget larane..” (QS. Ibrahim [14]: 7)

أَللّٰهُ أَكْبَرُ،   وَ لِلّٰهِ الْحَمْدُ. أَللّٰهُ أَكْبَرُ، أَللّٰهُ أَكْبَرُ،

Hadirin wal hadirat,

Kaping tiga, dados sarana ngajaraken sikap imbang lan adil. Musibah punika dados pelajaran penting bilih keselametan saget kita gayuh menawi saget nyeimbangaken antawisipun ikhtiar lahir lan ikhtiar batin, antawisipun pasrah lan yakin ing pangupa daya.

Kita nindaaken sholat ‘Id kanthi protokol kesehatan punika minangka wujud seimbangipun ikhtiar lahir lan batin. Kita ngginaaken masker ugi minangka lampah adil antawisipun hak lan kewajiban. Sedaya supados hak sehat ing antawisipun setunggal lan setunggalipun saget tansah dipun jagi.

Wonten ing Ramadhan lan Idul Fitri punika kita ugi dipun suwun supados nuwuhaken adil anggenipun sesrawungan. Tentu kemawon anggen kita nglampahi sesrawungan kathah khilaf lan lepatipun. Pramilo, sikap adil kita kedah nyuwun lan paring pangapura dhumateng sesami. Supados tuwuh sifat lan laku “rahmah” wonten ing manah lan perilaku kita. Sikap adil ingkang nuwuhaken “rahmah” utawi welas asih punika ingkang saget ndadosaken tentremipun suasana, lan damainipun anggen kita gesang wonten ing ngalam dunya punika.

اِعْدِلُوْاۗ هُوَ اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ٨

Artinya: “Pada tumindako adil, amargo tumindak adil iku parek marang taqwa. Lan padha pasraha marang Allah, saktemene Allah iku Maha Mirsani marang apa wae kang sira lakoni.” (QS. Al-Maidah [5]: 8).

Mugi-mugi semangat Idul Fitri punika saget nuwuhaken sifat lan sikap sabar lan syukur ugi perilaku adil wonten ing manah lan lampah kita. Lan, mugi-mugi Allah SWT enggal ngangkat musibah punika saking bumi kita, dipun gantos kanthi rahmat lan welas asihipun Allah Swt. Aamiin ya Rabbal ‘Alamiin.

جَعَلَنَا اللّٰهُ وَ إِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَ الْفَائِزِيْنَ وَ الْمَقْبُوْلِيْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى وَ هُوَ أَصْدَقُ الْقَائِلِيْنَ: أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. قّدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزكَّى وَ ذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى. وَ قُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَ ارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

KHUTBAH II: Khutbah Hari Raya Bahasa Jawa, Idul Fitri Wonten Ing Kahanan Pandemi.

الله أكبر (x۷)

كَبِيْرًا وَ الْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَ سُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَ أَصِيْلاً.   لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَ لِلَّهِ الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى مَنَّ عَلَيْنَا بِفَضْلِهِ الْجَسِيْمِ فَهَدَانَا إِلَى دِيْنِ الْحَقِّ وَ الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. أَشْهَدُ أَنَّ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ. وَ أَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ النَّبِّيُ الْكَرِيْمُ. صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ صَحْبِهِ الَّذِيْنَ فَازُوْا مِنْهُ بِالْحَظِّ الْجَسِيْمِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اللهُ أَكْبَرُ وَ لِلَّهِ الْحَمْدُ

أَمَّا  بَعْدُ:  فَيَا اَيُّهَا الْإِخْوَانُ وَ الْأَخْوَاتُ  رَحِمَكُمُ  اللهُ!   أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَ طَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا. فَقَالَ جَلَّ جَلَالُهُ عَلِيْمًا. إِنَّ اللهَ وَ مَلَإِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِي يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اَللَّهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمــُـسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَ اِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ سُبْحَانَكَ إِنِّي كُنْتُ مِنَ الظَّالِمِيْنِ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَ سَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ، وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

Demikian tentang Khutbah Hari Raya Bahasa Jawa, Idul Fitri Wonten Ing Kahanan Pandemi, semoga manfaat.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *